SESORAH PERPISAHAN



Assalamuallaikum Wr. Wb.
Ingkang dahat kinurmatan bapak kepala SMAN 3 Bantul
Bapak ibu guu saha karyawan karyawati inggkang kula urmati
Para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan  dalasan
Rayi kula kelas X, XII, saha kanca kanca ingkang kula tresnani.
     Langkung rumiyin sumangga panjenengan tuwin kula ngaturaken puji syukur wonten ngersanipun gusti Allah, awit sedaya kasaenan saha kasarasan saingga kita saget kiempal ing adicara perpisahan kelas XII kanthi rancag tanpa rubeda nir ing sambekala.
     Bapak bapak saha ibu ibu ingkang kula urmati keparengga kula (tri muryani )amakili siswa kelas XII badhe matur dhumateng bapak ibu guru.mboten suwe melih kula saha kanca kanca badhe nilar aken pawiatan sma negeri 3 bantul. Ingkang kaping setunggal kula saha kanca kanca ngatur aken agenggipun panuwun dhumateng bapak ibu guru amargi bapak ibu guru sampun kersa mbula wentah kita kados putra piyambak lan maringi kita ngelmu saengga kita saget lulus kanti hasil ingkang sae.
     Ingkang kaping kalih , kula saha kanca kanca nyuwun pangapunten amargi 3 tahun kepungkur kula saha kanca kanca kathah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten sengaja . Kita kang damel bapak ibu duka lan kuciwa.
      Ingkang kaping tiga, kula saha kanca kanca nyuwun donga pangestuipun bapak ibu guru supados kula saha kanca kanca saget nglanjutaken sekolang ingkang luwih inggil lan di pun lancar aken anggenipun sekolah. Kagem rayi kula kelas X saha XII supados anggenipun sinau ingkang sregep lan anggenipun srawung mboten ngawur. Mugi mugi bapak saha ibu kersa paring pangapunten lan mugi mugi bapak ibu guru pikantuk piwales saking Gusti Allah.
     Cekap semanten atur kula amakili kanca kanca. Maem kupat di duduhi santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamuallaikum Wr. WB.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

resensi buku tereliye berjuta rasanya

Peran Fisika dalam Pendidikan

hikayat malin demen + unsur intrinsik//tugas anak sekolah